Judo (basa Jepang: 柔道 ) inggih menika seni bela dhiri, olahraga, lan filosofi ingkang asalipun saking filosofi Jepang. Judo dipunkembangaken saking seni bela dhiri kuno Jepang ingkang kasebat Jujutsu. Jujutsu ingkang tegesipun seni bertahan lan seni nyerang kanthi ngginakaken tangan kosong utawi ngagem gaman ingkang cendhak. Jujutsu dipunkembangaken saengga dados Judo inggih awit karyanipun Kano Jigoro (嘉納治五郎) ing taun 1882. Olahraga menika dados modhel saking seni bela dhiri Jepang gendai budo, ingkang dipunkembangaken saking sekolah (koryu). Paraga utawi pemain judo dipunsebat kanthi nami judoka. Samenika Judo sampun dados salah satunggalipun cabang bela dhiri ingkang misuwur, lan ugi sampun dados olahraga resmi Olimpiade.

